Senin, 09 Mei 2016

Cerkak Pengalaman dengan Bahasa Jawa



NGIMPI ENAK
Dinten prei kulo kaliyan sekeluarga plesiran wonten Bali. Bali niki gadai kathah papan wisata ingkeng sae sanget. Wiwit saking papan wisata laut, gunung, sejarah, kaliyan pirang-pirang liane. Kaleres dinten  prei niku, kulo mlampah wonten Pantai Kuta.

Budal numpak Pramex, kulo, ibu, bapak, mas, kaliyan mbak mudun wonten Stasiun Gubeng . Lumayan cepet numpak sepur Jogja-Surabaya namung katempuh wekdal kalih ( 2 ) jam setengah . mboten kroso reti-reti sampun tekan Suroboyo. Saking Stasiun gabeng lantas numpak bis tekan  pelabuhan ketapang.
kulo, ibu, bapak, mas, kaliyan mbak nenggo kapal kirang luwih 15 menit,. mboten sue kapale sampun nyandar, kulo kaliyan keluarga banjur minggah wonten kapal. kulo kaliyan sekeluarga numpak kapal ferri ingkang seratanipun we love Indonesia .
Perjalanan kurang luwih  45 menit saking pelabuhan ketapang,banjur kapal ferri nyandar wonten pelabuhan girimanuk bali. Banjur kulo kaliyan sekeluarga mandap saking kapal. Saking pelabuhan girimanuk, kulo kaliyan sekeluarga banjur numpak taxi temuju wonten penginapan. Jarak saking pelabuhan wonten penginapan mboten tek adoh  namung 45 menitan.
Sakdawane mergi nuju penginapan pemandanganipun apik sanget. Saksampunipun dumugi penginapan, kulo kaliyan keluarga lajeng pesen kamar kangge istirahat. Sakamponipun pesen kamar, kulo kaliyan keluarga banjur mlebet wonten kamar. Saksampunipun mlebet kamar, kulo mboten sabar bade renang rumiyen wonten kolam renang.
Saksampunipun renang, kulo lajeng istirahat, wanci sonten kulo kaliyan keluarga mlampah dateng pantai ingkang papanipun celak. Karono papan penginapan rodo ujung pantai, mulo kulo kaliyan keluarga naming angsal panti kute wonten ujung celak bandara. Njih  lumayan mboten awon-awon sanget, namung wae sampahipun rodo katah.
Wonten pantai kute katah sanget turis mancanegara utawi local. Kejawi saking meniko katah pupu-pupu ingkang dipun pepe.  Kulo inggih ngomong kalih turis badhe foto bareng.
Kulo    : Hai miss, I can photograph with you
 ( hai mbak , kulo saget foto kaliyan njenengan )
Turis    : yess ( ya )

Banjur kulo kaliyan mbak turis foto sesarengan,

Kulo    : thanks miss , I might know from which country ?
            ( matur nuwun mbak , menawi kulo angsal mangertosi njenegan saking negoro pundi ?
Turis    : yourwelcome, I’m from Australia, and you ?
            ( Sama-sama , kulo saking australia, menawi panjenengan saking pundi ?
Kulo    : I’m from Indonesia
            ( kulo saking Indonesia )

Saksampunipun meniku kulo lajeng pamitan. Kulo kaliyan keluarga nelasken wekdal sore meniko kangge dolanan pasir lan dolanan banyu wonten pantai kute.
Dinten ingkang nomer kalih kulo kaliyan kelurga tindak wonten Tanah Lot. Karono nembe sepisan tindak wonte bali tanpo pemandu milo kulo kaliyan keluarga tindak jam 8 enjang saksampunipun sarapan. Kulo kaliyan keluarga tindak numpak mobil sewa temuju tanah lot ngginak aken GPS kaliyan google maps.
Sak lebetipun wonten mergi pemandanganipun sae sanget amergi wonteh sabin-sabin lan gunung-gung ingkah sae sanget. Kejawi saking meniko wonten pingger mergi katah galeri-galeri ingkang sade kerajinan kerajinan.

Wanci 9 enjang kulo lan keluarga sampun dumugi tanah lot. Kulo kaliyan keluarga banjur nuju pesisir. Karono banyu laut pasang, kulo kaliyan keluarga mboten saget minggah wonten pure nipun. Saksampunipun kulo kaliyan keluarga banjur kundur wonten penginapan.
Sakderengipun temuju wonten penginapan, kulo kaliyan keluarga mampir wonten papan tumbas oleh-oleh, nami papanipun Krishna. Papanipun jembar, barangipun komplit nopo mawon wonten. Kulo tumbas klambi kaliyan gantungan ingkang aneh wujudtipun.
Kenging menopo aneh ? amergi wujudtipun sami kaliyan kados kagungane kulo hehehehehee…. Saksampunipun tumbas oleh-oleh, kulo kaliyan keluarga langsung nuju wonten JOGER. Mergi ingkang sade  kaos, sandal, lan sakliyanipun. Kulo tumbas katok ingkang serat tipun “ Anuku jangan di anu , nanti anuku kalau di anu , anuku bisa anu “ tegesipun kulo mboten mangertos hehehe. Saksampunipun kulo kaliyan keluarga temuju penginapan banjur beres-beres..
Engjangipun kulo lan keluarga kundur wonten jogja numpak kapal saking girimanuk nuju ketapang . Saksampunipun kulo kaliyan keluarga niteh bus nuju stasiun gubeng.
Sak sakpunipun dumugi stasiun tugu, kulo kaliyan keluargo mampir wonten malioboro. Sakdowone mergi wonten ing  Malioboro katah sanget bakul kaki lima. Para bakul ingkang dodolan niku nyade beragam produk saking kerjainan, sandangan, nganti panganan. kulo bingung ameh mileh ingkang pundi amergi tur reganipun mirah-mirah sanget. Sinten ingkang mboten remen tumbas .. hehe

kulo kaliyan keluarga banjur temuju wonten mall matahari.Bapak tumbas sandal, ibu tumbas daster, mbak tumbas kaos, mas tumbas sabuk. La kulo tumbas punopo? niku ingkang wonten sak lebetipun sirah mikir mboten uwes-uwes. Mlenga mlengo akhire kulo milih tumbas sandal wae. Itung-itung sandal ipun sampun ameh jebat, mumpung reginipun mirah angsal disconan hehehe..
Saksampunipun saking malioboro kulo kaliyan keluarga kundor wonten ndalem numpak mobil ingkang dipun titipaken wonten terminal tugu kolo winginane .

nanging wonten mergi kulo kaliyan keluarga kaget amergi wonten mobil ingkang menggok mboten ngreteng utawi menggokipun ndandak. Bapak banjur banting setir wonten nengen. Jebulane saking arah liyanipun wonten truk banter, banjur truk nipun nglakson soro sanget . kulo lan keluargo mbengok..
 Saksampunipun dipun klason kulo gregah tangi saking tilem . jebulno suoro  jam beker…kulo mikir menawi pengalaman ingkang dialami saking piknik wonten bali,foto sareng turis, mlampah-mlapah wonten malioboro kaliyan bade tabrakan niku jebulo namung mimpi …
adduuuuhhhhh jebul namung mimpi,, yowislah mboten punopo, sik penting sampun nateh dumugi  Bali badyo namung saking mimpi.. aduuuhhhhh aduuhhh mimpi enak ..!



Tidak ada komentar:

Posting Komentar